“GODHA”


wis dak jaluk nganggo rerepen kareben pepinginan dadi wewayanganmu wis ora kok gegem maneh pitutur luhur kang sumulur sumendhe alis kang tansaya kalis anakku…. delengen layangan oleng kang kasaput angin esuk nggeret karep kang ora nate kesirep ananging… isih ana dina kanggo nglembara golek wewadining waspa kang mili nalika esemmu kasandhung prakara anakku….dudu iku sing…

“PANGAREP”


sendhang wingit, singub sing katutup ing tanah klairanku rapet mbabar wartane simbah sing wis kabuncang jaman kasilep eseme para calon presiden kang adol eloking pangarep sesuk gandholan usuk emben gandholan amben wong cilik mung bisa manggut-manggut mbuntel esem kecut reregan larang, utang sangsaya numpuk kekarepan saya adoh saka panjangka anak bojo mung bisa ngenteni kitir…